KALEM

Kalem adalah suatu hal yang dilakukan dengan santai tetapi dapat terselesaikan dengan cepat.

AKU YAKIN

Karena keyakinan itu yang membuat diriku ini selalu semangat dan mengerti jalan hidup ini, serta yakin kepada kuasaNya

AKU BISA

Karena bisa itu terbiasa, dari keterbiasaan dari bawah kemudian perlahan naik, serta bisa melakukan yang terbaik di kehidupan

AKU SUKSES

Karena kesuksesan itu dibangun dari diri kita sendiri, yakin bahwa sukses itu karena orang lain, yakinlah pada dirimu sediri.

AKU YAKIN AKU BISA AKU SUKSES

Berangkat dari keyakinan itulah kita dapat terbiasa untuk bisa sukses.

Selasa, 10 Mei 2011

Parikan

Parikan

Parikan iku unèn-unèn kang dumadi seka rong (2) ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigatèn, kang kapindho minangka isi. Parikan iki kaya pantun nanging mung rong larik. Parikan migunaake purwakanthi swara.

Kang diarani parikan

Yaiku unen-unen mawa paugeran telung warna yaiku :

  • kadedan saka rong ukara kang dhapukake nganggo purwakanthi guru swara
  • saben saukara kadedan saka rong gatra
  • ukara kapisan mung minangka purwaka; déné isi utawa wosé dumunung ing ukara kapindho.

Tuladha: Tawon madu, ngisep sekar. (Ukuran kapisan, 2 gatra). Calon Guru, kudu sabar (ukuran Kapindho, 2 gatra). Gunane purwaka (ukuran kapisan) mung dianggo narik kawigatene wong kang nedya sikandhani utawa dipituturi, Perlune, supaya ing sadurunge ukara kang isi utawa “wose” dikandhakake, wong sing nedya dikandhani wis ketarik atine, satemah banjur nggatekake, bisa ngerti temenan marang maksude ukuran kang isi “ngese” (ukara kapindho).

Manu ( cacahing) wandane, parikan iku kena diperangi dadi telu, yaiku:

Parikan kan dadadean saka (4 wanda + 4 Wanda) X 2

Tuladha

Iwak bandheng, durung wayu (4 wanda + 4 Wanda)
Priya Ngganteng,sugih ngelmu (4 wanda + 4 Wanda

Parikan kan dadean saka (4 wanda + 8 Wanda) X 2

Tuladha

Kembang adas, sumebar tengahing alas (4 wanda + 8 Wanda).
Tuwas tiwas, nglabuhi wong ora waras. (4 wanda + 8 wanda)

Parikan kang kadadean saka (8 wanda + 8 Wanda) X 2

Tuladha

Enting-enting gula jawa,
sabungkus isine sanga Ingatane para siswa,
wajib seneng nggubah basa.

Parikan sing kadadean saka (8 wanda + 8 wanda) X 2

Parikan sing kadadean saka (8 wanda + 8 wanda) X 2, saweneh ana sing ngarani parikan patang pada. Iku keliru, sebab tembung “pada” iku tumprap reriptan kanggone mung ana ing tembang. Dene yen tembung “pada” iku sing dikarepake kudu mung ora ukara, siji-sijining ukura kadadean saka 2 gatra: dadi kabeh ana 4 gatra Wondene carane nulis 4 gatra iku, kena bae didadekake 4 larik.

Tuladha kasebut kena katulis mangkane

Enting-enting gula jawa Sabungkus isine sanga
Ingatase para siswa Wajib seneng nggubah basa

Parikan sing dianggo nggérongi lelagoning gendhing

Ing parikan iki dhapukaning ukara mesthi bae ora bisa tansah nglungguhi paungeran,

sebab cacahing wandane kawengku ing laguning gendhing.

Tuladha
  • Lelagon Parikan (Slendro Patet 9)
Cengkir Wungu, wungune ketiban daru (Dhu Ibu) Calon guru,
kudu sabar momot mengku (Pm)

Katrangan Perangan sing dikurung, yaiku (Dhu Ibu), iku wuwuhan, kanggo senggakan.

  • Suwe Ora Jamu. Pelog Pathet 6
Suwe ora jamu, jamu godhong kencur Suwe ra ketemu,
temu pisan maju mundur.

Carane ngarang parikan

Sing dikarang luwih dhisik ukara kapindho, yaiku sing isi “ngese” utawa “Wose”. Ukarane kadedean saka 4 wanda + 4 Wanda, utawa 4 wanda + 8 wanda + 8 wanda.Sawise rampung pangarange ukara kapidho, banjur ngarang ukara kapisan, yaiku ukara kang mung dianggo purwaka. Kehing wandane pada karo ukara kapindho, lan dhapukane kudu mujudake purwakanthi guru swara karo ukara sing kapindho.

Klebu rerengganing basa

Parikan klebu rerengganing basa, sebab basa sing mawa parikan iku agawe senenge wong sing maca utawa sing ngrungokake. Guneman mawa parikan bosa njalari rame nengsemake.Gendhing digerongi nganggo sakepan kang mawa parikan, bisa marakake saya gayeng.

Tuladha parikan warna telu

Parikan (4 wanda + 4 wanda) X 2

Wajik Kletik, gula jawa Luwih becik, sing prasaja 
Nang jeruk, jambu nanas Rada watuk, ngelu panas 
Wedang bubuk, tanpa gula Aja ngamuk, enggal tuwa 

Parikan (4 wanda + 8 wanda) X 2

Kembang aren, sumber tepining kalen Aja dahwen,

yen kowe pepengen kajen
Kembang kencur, ganda sedhep sandhing sumur Kudu jujur,
yen kowe kepengin luhur
Kembang menur, den sebar den awur-awur Bareng makmur,
banjur lali mring sadulur

Parikan (8 wanda + 8 wanda) X 2

Gawe cao nangka sabrang,
kurang setrup luwih banyu Aja awatak gumampang,
ingatase calon guru
Sega punar lawuh empal,
segane pengenten anyar Dadi murid aja nakal,
kudu ulah ati sabar
Jangan kacang jangan kara,
kaduk uyah kurang gula Piwelingku mring muda,
aja wedi ing rekasa.

Purwakanthi parikan bisa digawe mawa petungan kang adhedhasar

petungan wanda (suku kata).

4 wanda - 4 wanda

wajik klethik, gula jawa luwih becik wong prasaja 
jemek-jemek gula jowo aja ngenyek padha kanca 
manuk emprit menclok pager dadi murid kudu pinter

4 wanda - 8 wanda

tawon madu, ngisep sari kembang jambu
aja nesu yen dituduaaké luputmu
kembang menur, den sebar den awur-awur bareng makmur,
banjur lali mring sedulur
manuk emprit, nggawa kawat ing wit waru dadi murid,
kudu hurmat marang guru
ana baya, mangan roti karo kanca pengin mulya,
aja wedi ing rekasa
8 wanda - 8 wanda
kayu urip ora ngepang,
ijo-ijo godhong jati uwong urip ora gampang,
mula padha ngati-ati